Contoh Pidato Bahasa Jawa Singkat Dengan Awalan Macapat

Duk rikala dina Jemuah Legi
Pitulas Agustus tanggalira
Merdika den umumake
Dene wilangan tahun
Siji sanga pat lima nenggih
Penjajah kudu kalah
Sing mbangkang den kruyuk
Nadyan bambu runcing gamannya
Parandene mungsuh miris angunduri
Bali mring Nagrinira
Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.

Ing dalem wakdal ingkang sae punika, monggo kulo lan panjenengan sedoyo ngunjuk’aken raos syukur dumateng ngersa-nipun Allah swt. ingkang sampun maringi nikmat lan rahmatipun arupi sehat badan, lan nikmat ingkang langkung wigatos inggih puniko arupi nikmat kemerdekaan bangsa Indonesia. Mugiyo bangsa Indonesia tansah pinanggih tenterem lan joyo selaminyo.

Poro rawuh sedoyo ingkang kulo mulyaaken.

Kito sedoyo selaku generasi ingkang nerusaken perjuanganipun, monggo kito isi kemerdekaan niki kelawan pinten-pinten kegiatan ingkang saget menunjang kualitas kito sedoyo ing antawisipun inggih meniko arupi nggiatno lan sregep anggenipun belajar lan lintu-lintunipun.

Lan kito sedoyo sampun sumerap, mbok beleh saben tahun kito tepatipun wulan Agustus ngengeti dinten ulang tahunipun. Sedoyo niku ngerupekaken kangge ngenang malih peristiwa lan pinten-pinten kedadosan wakdal semanten.

Poro rawuh sedoyo ingkang kulo mulyaaken.

Nikmat arupi kemerdekaan ingkang sampun dipun paringaken dumateng kito sedoyo khususipun lan sedoyo bangsa-bangsa Indonesia umumipun niku ngerupekaken setunggaling nikmat ingkang paling ageng selaku bangsa Indonesia. Saking niku kemerdekaan meniko kedah estu-estu kito sedoyo syukuri. Keranten saget kito sedoyo raosaken ngantos nyogoh-nyogoh lan putu lan ugi dateng sakterusipun.

Mugiyo kito sedoyo saget ngisi kemerdekaan niki kelawan kesahenan. Akhirul Kalaam.

Wassalamu’alaikum Warahma-tullahi Wabarakaatuh.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar